Apa ta jenenge?

Basa padinan tumrap basa jawa pancen pepak. Nganti siji lan sijine akeh kang durung kawruhan. Ora ana alane yen bab kang katone sepele iku ugo perlu kawruhan, biso kkanggo pepaking basa padinan

Tumrap bebayan jawa tetep isih mungguh banget yen saben dino migunake bas kang pancen jenenge, ora nyilih basa liyane. Jeneng siji lan sijine wis karipta dening swargi para sepuh nalika samana.

Jeneng Wektu :


1. Titiyoni : watara jam loro bengi.
2. Jago kluruk sepisan jam telu bengi.
3. Bedhug telu utawa subuh ndungkap jam papat, uga wanci jago kluruk kang kaping pindho
4. Jago kluruk kaping telu watara jam lima, banjur kasusul wanci saput lemah uga diarani wayah bang      bang wetan. Wis trontong2  sulak abang, marga sunaring srengenge.
5. Gagat raina kasusul byar watara jam enem esuk.
6. Yen  wis byar kasusul wanci gumatel watara jam wolu esuk tekan sanga.
7. Pecat sawet watara jam sepuluh kasusul wisan gawe, watara jam sewelas. alam sanak tani yen garap sawah tekan wisan gawe watara jam sewelas mau karan lukon sakesuk.
8. Tengange ugo disebut wayah bedhug. watara jam rolas. ana sawiji ning kapercayan orA ilok yen lelungan mangkate pas bedhug. becik disranteke sawatara, yen wis ora bedhug bener.
9. Lingsir kulon wataro jam loro awan.
10.Ashar watara jam papat keterusake wayah tungsang gunun jam lima. amarga sregenge wis gumlewang ana sakmburine gunung.
11. Ngancik jam enem sore diarani repet2, ugo aran wayah candik ala. wayah candhik ala utawa sandhi kala wis kalebu wayah magrib.
12. Isya wayah sawise magrib uga ana sing ngarani wayah bedhug pitu. pratandha sholat isya wis titi wanci.
13. Wayah sirep bocah, ya iku bocah2 wis podho ngantik mulih saka anggone dolan. watara jam sepuluh.
14. Wayah sirep wong watara jam sewelas luwih, malah tekan jam rolas.
15. Kasusul bedhug dawa banjur kalebu wayah lingsir bengi watar jam siji bengi.

Araning pakaryan :


1. Empu kuwi wong kang gaweane gawe gegaman wesi aji, kaya dene tumbak keris patrem lan sakpiturute.
2. Jlagra wong kang pakaryane gegaweyan saka watu, kaya ta kijing reco lumpang sakpiturute.
3. Mranggi gegaweyane gawe wrangka wadhah keris apa tumbak.
4. Blandong wong kang gegaweyane negori uwit, bekakase seko kayu udhangi.
5. Blantik wong kang gaweyane adaol kewan kebo sapi atawa jaran.
6. Pengobeng wong kang gaweyane mbathik
7. Emban wong kang gaweyane momong
8. Kundhi wong kang gaweyane saka lemah(grabah)
9. Niyaga pakaryane nabuh gamelan yen bedhug diarani mrebot.
10. Gamel ngupakaro jaran, yen nuntun jaran pekathik, sing ngajari jaran jenenge panegar.
11.Sayang gaweyane gawe barang seka tembaga, pandhe tukang gawe bendho,arit, prngot, yen seko perake jenenge gemblak.
12. Jurukunci tunggu kuburan.
13. Srati gaweyane gupokoro gajah.
14. Greji tukang ndondomi klambi, sakpiturute.
pokrol wong gaweyane tukang ngrewangi padu, supoyo menang nang pengadilan.
15. Grema pakaryane mbedhag sato khewan.



Komentar

Postingan Populer