Candrane Wanita

Ana jagahding kasusastran jawa lawas para pujangga seneng migunake candran, apa maneh tumrap candrane wanita. Jalaran candra iku dianggep dadi unsur wigati kang gawe sengseme para maos.
Kayadene candrane wanita waepirang2 kaya ta:


1.Nenes wanita kapara cilik pasemon kontap(mbrayak) prasaja ing ulat, akeh wiragane, gapyak ing wicara bisa ngenaki atine priyo utawa sapephadhane wanita.
2. Ragakarana wanita runtut ing piyadege, pasemone sumeh prasaja tanpa lelewa.
3. Rangkung2 dedege lencir semu luruh pasemone.
4. Reki dedeke cendhek pawakane cilik pasemone madya ing antarane kontap lan jatmika.
5. Kewes wanita kang micara kasembadan manis ing latji, runtut ing pasemon kang tansah ndudut ati.
6. Danar2 wanita pawakane kepara gedhe dhuwur pasuryan kaduk reta pasemon kontap.
7. Dlongeh wanita kepara gedhe duwur rai lancap [pasemon luwih sumeh, akeh esem lan guyune.
8. Tingkes wanita cilik yen busana sarwa ringkes nanging patut.
9. Trincing wanita cendhek cilik kesit tingkah lakune.
10. Sedhet wanita mejana pawakane gilig pasemone tangguh kaduk manis.
11. Sedhep pasemone manis prasojo.
12. Sengoh wanita cendhek kepara gedhe pasemone madya kepara luruh paraking rai kang kadhuk bunder kaya mbulan mbidadari, prasaja lelewa amerak ati.
13. Santrong2 wanita keparak duwur pasemon kontap rikat ing pratingkah yen lembeyan mbuwang tangan.
14. Sejek2  wanita cilik kaduk lencir pasemon kontap yen lumaku rikat amangu tenaga.
15. Sregteg wanita kangkepara cendhek pawakane gilig kaduk unggal ing pranala pemeone madya.
16. Sreseh wanita akeh wicarane merak ati.
17. Wingwing ramping rai kang runtut.
18. Lenjang dedege dhuwur kuning sarta wijang
19. Lenggut2 wanita ruruh yen mlaku tumungkul pasemon semu wingit.
20. Prakati wanita pasemone manis akeh guyune ukrang lelewa wicara receh.
21. Pradikes wanita sing pawakane kenceng luwes ing tenaga singset ing busana ngringkesake raga pantes selelewane.
22. Dhanding wanita pawakane cilik runtut karo dedeg piyadegke
23. Dhonor2 wanita gedhe dhuwur semu kendho, pasemon kontap.
24. Dhangah2 wanita gedhe dhuwur sarwa sembada
25. Jangjang wanita lencir kuning.
26. Jamblang2 wanita dhuwur sarwa wijang
27. Jongrong2 wanita gedhe dhuwur sarwa row patut.
28. Junkining pamulu kuning rai lancap pasemon pakulitan alus.
29. Jager2 wanita pawakane gilig pasemone madya semu wingit.
30.Janggrung2 wanita gedhe dhuwur pasmone ruruh tenaga sarwa sureh.
31. manis sumehing ulat sembadha ati.
32. Mantras wanita kang sarwa prigel tingkah wiragane.
33. Memet wanita kang sarwa sembada pawakane lan dedege alus wiragane.
34. Mangkah2 wanita kepara gedhe Sinarta pambludaging pranaja.
35. Mengoh2 wanita gedhe dhuwur sembada pamulu kuning rai bunder pasemon prasaja.
36. Meses wanita kang mumpuni olah wiragane.
37.

Komentar

Postingan Populer