Asal Usule Pulo Madura
Akeh wong budidaya nitipriksa ngudhari mula bukane jeneng madura iki. Ana kang nyoba mbalekake asale tembung Madutra sing atesges legi banget. Panambang ra menehi teges inten snten. iki adhedasar marang kasunyatan manawa woh-wohan weton madura iku pancen legi-legi. Umpamane jeruk, salak, pelem, rambutan lsp.
Saweneh ana sing duwe panemu menawa tembung Madura kadhapuk saka tembung madu+ rah, kang ateges madu+darah. Watak wantune putra Madura pancen gapyak semanak, solah tingkahe manis, saka iku disanepake madu. nanging aten-atenane keras, teguh ing sawijining baba gampang krasan aten. Apa maneh magepokan karo bab keyakinan agama lan ajining diri, padha ora tanggung-tanggung ngetokake e-rah-e(getihe) kanggo mbelani.
Saka sumber liane nelake menawa pulo Madura sapisanan ditemoke dening paelaut kang lagi lelayaran ing sakiwa tengene. Nyumurupi saben banyu segara rob, lemah sing katon iku amles, nanging yen angok seperangan lemahe katon njedul seko segara. iku sebabe pelaut mau ngarani lemah dura. Lemah ngapusi. Saka tembung lemahdura, suwe suwe pocapane owah dadi Madura. mirid saka sumber iku bisa uga nyedhaki kanyataan.
Dene legendha kang nyitake bab asal usule pulo Madura iku mengkene:
Manut ujaring kandha, dek jaman kuna ana sawijining negara kang jenenge Medhang Kamulan, kratone jenenge Gilingwesi. Ratune asmane Shang Hyang Tunggal. SangPrabu kagungan putri sulitya ing warna asmane Bendaragung. Marang Sang putri mau kastrenane Sang Prabu kasok. Minangka pangenggar-enggar panggalihe, sang prabu ngedheake sawijining kraton dipepaki nganggo taman kang endah kebak kekembangan ing smburining kraton. iya ing kraton cekil iki Sang Putri dedalem dikhanteni para emban.
Anuju Sawijining bengi Sang Putri Nyumpena Nguntal rembulan terus mlebu padharane. Iku sawijining pralambang manawa Sang Putri bakal mbobot putra misuwur. Saka karsane Gusti Kang Maha Kuwasa, Sang Purti ora gantalan waktu krasa mbobot ora kanthi kumpul karo priya. Lelakon iku nganthi kapireng Sang Prabu.
Wis makaping kaping Sang Prabu mundhut priksa marang sang putrine sapa sejatine priya sing wis wani nyelehi wiji ana anggane mau. Nanging Sang Putri tansah munjuk atur "dalem babar pisan mboten nate kempal kaliyan priya satunggal mawon".
Wusana Sang Prabu duka yayah sinipi. Nuli nimbali patihe kang aran Pragulang, didhawuhi maringi paukuman pati marang putrine.
" Aja pati-pati sira bali lamun ora kanthi nggawa sirahe Sang putri" dhwuhe Sang Prabu wanter. Wasana patih pragulang mangkat menyang alas nggawa Sang Putri.
Nanging tekan satengahe alas Patih Pragulang ora mentala narep nyedhani Sang putri, dhweke trima milih ngumbara lan ngrucat agemane patih. sandhangane diganti nganggo jarit tenunan poleng. Uga asmane nuli salin Kyai Poleng.
Kocapa Sang Putri kang mesthine kudu diperjaya wektu iku ditumpake ana sadhuwure rakit, nuli dikelake ana satengahe kali. Sawise pirang-pirang dina kentir ing banyu, satemah rakit maun tekan satengahe samodra kang jembar ngilak-ilak. Priksa alun gedhe gumulung sak gunung sang putri wedi banget. Mula tanssah muwun, waspane tumetes. Sabab rasa gilane kang ora bisa disayuti maneh kanggo naggulangi ombak ganas koyo dikebur iku, wasan sang putri banjur niba ungkep-ungkep, penggalihe kentekan pengarep-arep.
Dumadakan Sang putri mirang swra gaib" Putri sing manis, aja nangis, Kuwi wis nasibmu, sapa sinambating wangi?'sang Putri mangsuli " asma kula Bendaragung" Bendaragung ateges wong sing nglakoni dosa gedhe. Nuli swara gaib mau kaprungu maneh" Ngapusi, sliramu ora ono dosa sing sira lakoni. Yen mangkono lemah papanmu kandhas iki jenengi Lemah dura, sebab sliramu ngapusi marang ingsun".
Sawise mgucapke mangkono swara mau musna. wasan ska lemahdura iki tembe dadi jeneg Madura kaya kitas sumurupi nganti tekan saprene.
Mangkono pethikan saka crita rakyat.

Komentar
Posting Komentar