Abuh iku Warna-warna

Apa tha lara abuh kui? Perangan sarira mundhak gedhe kang krasa lara, yaiku panjere kang kene lelara. Umpamane dicakot lemut, ula, utawa asu, wusana sing kena lelara mau banjur mundhag gedhe.
Lelara abuh iku pancen warna warna sebabe.

Kesleo perangan awak abuh marga keslio, kecethit kayadene ana ugel-ugel tangan apa sikil bisa diusadhani:
Kesleo
1. Tlutuh semboja, diuser-userk kang abuh mau. Sawise 24 jam, banjur diresiki nganggo lenga klentik, dibilasi banyu.
Bakal katon urate sing salah. Iki bisa diurut-urut dibenerake. Yen tlutuh semboja ora ono, migunake tlutuh pule.
2. Godhong tlash diobong, awune dicampuri lenga klentik, diuser-userke papan sing lara (abuh) mau.
3. Godhong kembang teleng dipipis, diwenehi gula jawa, diuser-userke perangan sing lara.

Abuh ing tutuk
Suruh dirajang-rajang , utawa dicuil cuil cilik. Banjur dicampur karo banyu panas. Yen wis manget-manget, wis bisa dianggo kemu.

Abuh amarga ketatap
Abuh merga ketatap, utawa kejedug, utawa kejeglug, kena barang kang atos lan sapununggale, bisa diusadhani. Sawatara wektu duyeg-uyeg nganggo tlapakan/epek-epek. Sawise, bisa dikompres nganggo banyu adem, utawa spritus/arak.

Abuh merga ketlusupen
tlusupe iku dibudiaya murih bisa dijupuk. Ana sing nganggo dipopok trasi, lsp. Sawise metu, tilase ketlusupen iku dipopok/dikompres godhong cocor bebek, remujung, lsp.

Abuh merga geni
dioseroseri mertega asli, dikompres kapas sing kandhel, ditelesi banyu apu, dipopok kenthang dioseroseri putihan endhog.

Abuh kena racun
Tatu abuh iku dikumbah sing resik banjur dikompres nganggo jeruk pecel.

Sikil abuh
Sikil abuh digosok-gosok racikan godhong jograhap setengah ons kang didheplok alus dicampuri cuka, digodog.
Sikil abuh merga nggarbini, cabe ireng, lempuyang, suruh, beras, didepok lembut , dikepeli, nuli dipepe. dianggo pareman dicampuri arak, karo diurut-urutake sing lara.
Sikilabuh merga mentas babaran. lempuyang sajempol gedhene dipipis, disaring, yen wis nmenep diagem unjukan. Nganti telu papat sedino.

Abuh mergo dientup
a.Tlutuh walu dioser-oserke papan sing abuh mau.
b.Godhong bngekila utawa godhongplasa dipipis lembut, banjur dipopoke papan sing lara iku.
c.Wulu pitik dileboke gerongan pitik didudut telese wulu kui dioser-oserke sing lara bola-bali.
d.Godhong ketumbel(tembelekan) dipipis, banjur dipopoke ing papan sing abuh mau.
e.Digosok nganggo jeruk pecel banjur dikompres nganggo banyu jeruk pecel.

Pipi Abuh
Dioser-oseri jahe sing diparut.

Komentar

Postingan Populer