Apa Kasiate?

Gula Jawa

Yen ana wong sing sikile kena geni atawa banyu panas, supaya ora mlempung mundhuta gula jawa didheplok lembut banjur dipopoke sing tatu mau.
Bocah sing arep lara kuning tandha-tandhane mripat perangan putih dadi kuning terus warnane kuning, enggal-enggal bae didahar gula jawa terus saben dina. Pokoke sing sarwa legi, lan kudu akeh ngombene.

Tomat

Tomat kelbu woh-wohan kang ngandhut vitamin C. Akeh banget paedahe. Tumrap bayi, sega utawa bubur tim sing arep kanggo bayi, tomat, dicampur wortel rerangken liane.
Yen bocah wis umur  setengah taun munggah, diwenehi wedang tomat wayah awan.

Kanggo nyuda lemu becik banget yen dhahar tomat banget yen didhahar tomat dicampur kecap, utawa tomat thok. Kagem pasuryan supaya alus, saben awan sakdurunge mapan sare, digosok nganggo tomat.

Godhong Jambu

Kanggo weteng kembung

Godhong jambu sing isih enom sak enom sak gegem, adas 5 iji, banyu rong cangkir, kulit gagang pulosari dicacah lembut.
Kabeh mau digodhog nganti mateng lan umob diunjuk sadina pindho saben setengah cangkir. Coba nggawe sajrone telung dina.

Godhong jambu klutuk sing enom, uyah, banyu wantah sakgelas.
Godhong dimamah karo uyah nganti lembut banjur dileg. kira-kira sadina ping pindho, utawa didheplok lembut dicampur banyu, nuli diperes, diujukna sadina kaping pindho saben padinan

Jeruk Pecel

Ngilangi rereged saka kuningan, mundhuta jeruk pecel diiris tipis, dicanmpur karo bubukan bata , digosok-gosok panggonan reged.

Jeruk pecel diperes karo kecap, kena kanggo tamba watuk entheng, saben esuk lan sore sakjrone limang dina.

Wedhang teh kenthel, dikeceri jeruk pecel diunjuk kena kanggo tamba ngelu.

Santen kanil dicampur karo jeruk pecel kena kanggo kramasrambut lan nglemesake rambut.

Sikil lan tangan supaya ora mbekisik, bubar siram, digosok nganggo jeruk pecel.

Timun diarut dijupuk banyune ken kanggo tamba lara dharah tinggi.

Yen ora ona es, kanggo ngompres becik banget nggunake timun diparut diwenehi uyah sethithik


Komentar

Postingan Populer