Jamu Jawa

Tamba wudun
Wudun sing katon sepel nanging yen kesuwen ora ditambani ora cepet mecah, bisa njalari repot. apa-apa ora kepenak. Coba mundhuta tlutuh wit semboja, diopser-oserake perangan sing wudunen sakjrone telung dino esuk lan sore.
Tamba Kutil
Kutil yen isih cilik ora mbebayani nanging yen nganthi gedhe, manut kedokteran kudu dioperasi.
Tamba cara kuna, mundhuta godhong kemangi, sabun, lan enjet didheplok nganti lembuty,banjur digosok-goske panggonan sing ana kutile. Anggone nambani kurang luwih seminggu, mengko mesti ana sudane.

Tamba Stuip
Bocah cilik lara panas, kadhangkala banjur ana sing nganti stuip. supsys aja nganti ngono cobo bocah mau diparingi wedang kopi kira-kira sesendok saben dino. Dene sirahe krasa panas dikompres nganggo jeruk pecel utawa timun, labu putih sing diparut.

Tamba Lara Kuning
Yen bocah cilik ketaman lara kuning, pangan lan ngomben kudu sarwa legi. ngombene akeh gulane, utawa bangasane setrup. Nanging suwalike yen woong tuwo ora kena kakehan gula.
Kagem sing durung nganti kasep, coba mundhuta godhong sukun sing wis tuwo digodog bareng karo gula jawa, nganti umob. Lan warnane abang, banjur diunjuk esuk sawise dhahar.



Komentar

Postingan Populer