Racikan Jamu Jawa

Tamba Kukul
Kukul utawa jerawat bisa nyerang wanita utawa priyo, lumrahe mapan ana pasuryan. kanggo ngilangi kukul kasebut coba mundhuta :
Temulawak 8 gram
Kencur 10 gram diparut kabeh.
Godhong jinten 5 gram
Asem kawak 5 gram
Gula aren 9 gram, diwenehi banyu digodhok bareng.
Kurang luwih 5 gelas nganti umob.
Diunjuk sapisan lan resep kasebut ugo dianggo sapisan.
Lan aja nganti dhahar sing ngandhut lemak utawa lenga, lan kena kanggu urus-urus.

Tamba Darah Putih 

Lumrahe wanita yen kakehan ngetokake dharah putih banjur lemes, coba mundhuta racikan racikan saka resep kasebut :
Oyod tapak liman 20gram
Godhong luntas 20 gram
Godhong sendhokan 20 gram
Mesoyi 15 gram
Kemukus 10 gram
Cengkeh 5 gram
Kembang bawang 10 gram
Wiji jinten 30 gram
Kunir 50 gram
Godhong meniran 40 gram
Jenitri 10 gram.
Kabeh banjur dideplok lembut banjur dibunderi utawa diwujudake glepung sing alus. Lan aja nganti keno banyu. Anggone ngunjuk bisa sedina kaping pindho diwenehi banyu putih. Aja dhahar iwak daging lan dedhaharan sing ngandut gula.

Tamba Gudig

Gudhig utawa borok sing mapan sirah lumrahe rasane gatel, lan ana sing ngemu banyu. Supaya cepet garing mundhuta tela kaspa dionceki kulite banjur diparut lembut ditempelake sirah sing ana gudhige.
Wudun sing wis rupane abang , supaya cepet mecah dipopok nganggo parutan tela kaspa dicampuri uyah sethithik.

Ngilangi Flek Ireng

Lumrahe nganti kena flek ireng , amarga soko ora cocog nganggo pupur utawa piranti liyane.
Supaya ora mbrabak mundhuta beras sak gegem direndem sawengi. Kembang mlati pitu, pucuk godhong kemuning sing enom pitu, kunir sakcukupe.

Racikan mau didheplok lembut, nuli dianggo bobok ing pasuryan( masker ). Kurang luwih 20 menit. Diilangi nganggo wedhak anyep lan jeruk pecel banjur dibilasi banyui wantah.
Cobo ditlateni saben dina, mengko flek-flek kasebut bakal ilang.

Tamba Nafas Seseg


Lumrahe yen kakehan lungo bengi, kena hawa adhem wong sing duwe lara nafas kerep banget kumat.
Kanggo nyudo lan ngilangi, coba mundhuta kalong dibeleh  dijupuk atine, dikumah resik banjur dimasak dibumboni bawang, brambang, uyah, jahe. terus didhahar saben dino, seminggu diajegi bisa suda sesegke.

Tamba Kringet Mambu

Yen arep Siram, Nggunakake suruh, digosok-gosokeawak sakojur. Utawa suruh digodhog karo banyu kurang luwih 2 gelas.
Banjur diunjuk kira-kira setengah gelas, sadina sapisan.
Bubar siram perangan kelek dileleti enjet, sadina kaping pindho.

Tamba Sikil Mleteg

Kates enom dioceki, banjur digosok-gosoke tungkak sing mletek-mletek. Dicoba sakjrone seminggu.

Tambah Darah


Temulawak, asem gula jawa utawa gula aren digawe wedang, bisa diiris utawa diparut. Sakjrone seminggu bakal ana owaah-owahan.

Komentar

Postingan Populer