Warna- warna Joged lan Gendhinge miturut Serat Tatacara

1.Tameng towok
kang joged wong loro gegamamane iyo tameng towok. Gendhinge kalaganjur slendro pathet sanga.
2. Lawung Gedhe
Kang joged wong papat, gegamane tumbak, pedhang suduk, gendhinge Liwung, slendro pathet nem.
3. Gelas Gedhe
 Kang joged wong papat sing loro nyekel gelas kang loro nyekel golek, gendhinge Kagok Madurasa. slendro pathet sanga. Iku dek jaman Mataram Jamane Panembahan Senopati ing Ngalaga.
4. Laras Panji
Kang joged ijen nganggo rimong gendhinge Sumedhang pelog pathet nem. Joged iki klakone jaman Kartasura jamane Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana II.
5. Laras Panji Nom.
Kang joged wong loro ora nganggo cekelan mung sondher, gendhinge sobrang pelog pathet barang.
6. Dhadap Kanoman
kang joged wong papat gegamane keris nganggo wayang styaki, gendhinge rangsang tuban , pelog pathet barang.
7.Dhadap Kareta
kang joged wong papat, gegamane keris, nganggo dhadhap wayang somba gendhinge segaran pelog pathet nem.
8. Tameng Gleleng
Kang joged wong papat, gemgamane keris sarta tameng, gendhinge jongmeu kudus slendro pathet manyura.
9. Tameng badhung
Kang joged wong papat, gegamen keris lan tamneg, gendhinge Kadhaton Bentar slendro pathet nem.
10.Panah GEdhe
Kang joged wong loro, gegamane panah, gendhinge Lengker pelog pathet nem. Joged iki Jamane Surakarta wiwitan.
11. Dhadap Kana Tinadhing
 Kang Joged wong papat gamane keris nganggo Dhadap wayang Suryaputra, GEndhinge Playon pelog pathet barang
12. Lawung Cilik
Kang joged wong papat, gegamane lawung, gendhinge dhadap Kembang Tanpa Wayang, pelog plawon pathet lima.

Komentar

Postingan Populer