Werdhine Pandawa Lima

Wayang Purwa iku dadi kasenengan ing akeh wiwit biyen tumeka samengko. Senadyan lakone dibolan-baleni nanging ora mboseni, awit ngandhut piwulang pepak.

Ana kang merdheni Pandhawa Lima mangkene:
1. Prabu Puntadewa maknane bayi tumitah ing alam donya. Wewatekane tansah monat-manut wae arepa dikapak-kapeke ora darbe karep apa-apa. Nanging kabeh-kabeh malah podo ngladeni, ngupaka , senadyan janma nom tuwa, priya lan wanita, gedhe cilik, padha leladi lan nggemateni, mula kaya dene ratu kang tansah diladeni para abdidalem.
2.Werkudara (Bratasena) werdhine bocah kang durung dewasa, wewatekane mung nggugu karepe dewe, ngadhelake karosane,pikirane durung bisa makarti , tansah buteng , nalare ora dawa, ndag keduga, watong wani antem-anteman.
3.Arjuna werdhine bocah kang ngancik dewasa, wewatekane nedheng-nedhenge birahi ambeg bagus, besus, kadereng mencarake tuwuh, sengsem wanita, laku-lakune tansah ngudi kaweruh, mertapa mebedag, lelana ilmu.
Ing jaman saiki umpamane sing lagi sinau ing pamulangan-pamulangan, mula gegamane diarani saratame(landhep tur urip).
4. Nakula werdhine wong kang wus antuk kawruh, wewatekane anteng, andhap asor,ora gumedhe, dupeh duwe kapinterna. Wong kang wus antuk kawruh pepak lan sampurna.tentu ambeg kumawula, ora kok ngengguangake kapinteran.
5. Sadewa wong kang wus mumpuni ing sakmubarang wewatekane ambeg ing panandhita, lir dewa ngejawantah, nyumurupi ing Pangeran(Sing Kuwasa/Allah), ora nengaenake "bandha " ora kumingsun, wus bangkit njejegake kepribadian.
dene Nakula Sadewa iku kembar inki werdhine " jumbuhing Kawula Gusti".
Wong kang wus sugih kawruh lan mumpuni lair bathin tentu bisa jumbuhake Kawula lan Gusti, mula sejatine Gusti datan beda lan Kawula., senadyan ta Kawula manawa lunuwih ora beda Gusti.

Sabanjure wedhine  para punakawan :
1. Semar werdhine aja samar-samar menawa kuang cetha iya kudu takon-takon
2. Gareng mrinkil-metakhil mbekicik, wedhine ngdhi kawruh kudu receh lan greteh guneme ora wedu takon-takon.
3. Petruk (kanthong bolong) wredine "kudu bisa among akeh" bisa milih kang becik lan kang ala, bolong bisa amot akeh nanging ana kang bisa metu maneh.
4. Bagong werdhine gembleging tekad kang gumolong manunggal ancas.

Komentar

Postingan Populer