Maknane Slametan lan Tumpengan
Ora biyen ora saiki kita sering krungu nganake slametan kayata tumpengan ing pangetan rupa-rupa. Mung kaceke yen biyen uba rampene ngedabyah saiki mung dijupuk kang perlu wae.
Gandheng karo kang kasebut dhuwur mbok menawa senadyan sathitikana perlune yen kita ngaturake maknane atawa karepe. Miturut andharane para sepuh katerangane mangkene:
1. Sego golong sajodho, tegese golonging rembug (bundher ) sajodho, golonging ati kang ngrasake lan kang dirasake. Lambarane endog werdhine bibiting urip., dadar tegese babar, dadi gemblenging penggalih slamet, golong njobo lan njrone, ditutupi coba warna-warna supaya bisa timbang(keplok)(harmonis) ana ing alam endhi wae.
2. Sega gurih karepe "mangseg leganing ati", gurih rasa nikmat , tegese ora bangah ora susuah, yen nemu kepenak ora banjur mbungahi, nemu rekasa iya ora gawe susah.
3. ingkung jago putih mulus, tegese mbanda watak angkara murka. Jago tegese lanang lan kuat kencenging sedya aja nganti menthal menthul(miyur), putih mulus tegese suci.
4. Jenang abang saka biyung(getih/rah/roh).
5. Jenang Putih seka bapa, mani.
6. Jenang baro-baro tegese sedulur papat lima pancer kang rumeksa badan (pancaindra).
7. Jenang bening awujud pinggan putih isi banyu serta kembang telon, banyu ateges urip, kembang ateges wangi (arum).
Jenang warna papat ateges Roh(Ruh) kumpul lan mani, banjur kasinungan pancaindra, nuli gatra urip Mula gandhane wangi(arum), ateges murah lan asih.
Sajen (ateges kang diaji-aji) :
1. Kembang boreh ateges asung ganda arum.
2. Jajan pasar wujude pepak maknane wong urip ana ing alam ndonya ibarate wong kang tetuku ana ing pasar, wus nggawa pepak-pepak ora wurung ya bali mulih, bali ana ing alam kelanggengan.
3. suruh ayu ateges rahayu(slamet).
4. Woh jambe ateges bibit tuwuh ayu.
5. Gedhang ayu padhang atine serta slamet. maknane limang bab mangkene:
Bareng wis pepak kabeh srandhune, ora wurung arep mulih, mula disuruhi murih ayu, anunggala tekad arum anggambar, bibite saka ayu, yekti nuli bisa panjar atine sera rahayu.
6. Manjer dilah ateges pandom-pandhoming ngaurip kudu pinanjer, aja nganti sirna , lamun sirna yekti arep kapetengan. wose urip kudu tansah awas lan eling.
Wong kang bisa njumbuhake lair lan batine , kanthi neter cobaning Gusti warna-warna, sarta mbandha angkara murka lan nggemblengake tekad ngudi tansah aruming asma, tindak-tanduk lan pocapane tansah ngresepake ( kaya enaking sesama) supaya bisa slamet.
Mngkono andharan para sepuh.

Komentar
Posting Komentar